Ambal Warsa Sekolah
Assalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh.
Bapak kepala sekolah ingkang kula kurmati
Bapak lan ibu guru ingkang tansah bagya mulya
lan para kanca ingkang kula tresnani
Puji syukur sumangga kula lan panjenengan sedaya haturaken ingkang ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat kesehatan saenggo kita bisa rawuh ing acara ambal warsa SMPN 1 Pakem. Bapak ibu lan para kanca, kula aturaken maturnuwun amargi sampun ngelonggaraken rawuh ing acara dinten menika. Sadurunge acara kita wiwiti, kula minangka pranatacara aturaken urut-urutane acara dinten menika
- Acara kapisan yaiku pambuka
- Acara kaping kalih, yaiku tanggap wacana saking kepala sekolah
- Acara kaping tiga, tanggap wacana saking ketua panitia
- Acara kaping sekawan, yaiku potong tumpeng
- Acara kaping gangsal, yaiku donga
- Acara kaping enm, yaiku panutup
Rehing wekdal sampun siang, monggo acara ambal warsa sekolah, enggal kita wiwiti.
Bapak ibu lan kanca, acara kapisan yaiku pambuka, panjenengan sedaya kula aturaken ndedonga sesuai kekapitadosanipun piyambak. Sumangga !!! Cekap !!!
Acara kaping kalih yaiku, tanggap wacana saking bapak kepala sekolah. Katur panjenenganipun Bapak Wakijo S.Pd wekdal saha papan kula aturaken. Matur nuwun Bapak Wakijo, amargi sampun maringi tanggap wacana.
Ngancik acara kaping tigo, inggih menika tanggap wacana saking ketua panitia. Katur panjenenganipun Bapak Nurkhidyat kula aturaken. Matur nuwun Bapak Nurkhidayat minangka ketua panitia.
Acara kaping sekawan yaiku, potong tumpeng ingkang dipimpin bapak kepala sekolah , katur Bapak Wakijo S.Pd kula aturaken mimpin acara potong tumpeng. Matur nuwun bapak Wakijo amargi sampun mimpin acara potong tumpeng dinten menika.
Acara kaping gangsal inggih menika donga, panjenengan sedaya kula aturaken ndedonga sesuai kekapitadosanipun piyambak. Sumangga !!! Cekap !!
Ngancik acara ingkang pungkasan, kula minangka pranatacara nyuwun pangapunten manawi kathah tutur basa kula kang mboten pantes miturut panjenengan sedaya.
Cekap semanten acara dinten menika, wassalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh

Gausah Buat lu cuman NOOB
BalasHapusngawur cok.. emang lu bisa bikin kya gtu... lu anak hasil kondom bocor njing
Hapusmakasih🙏🏻 membantu banget:)
BalasHapusTerima kasih kak
BalasHapus